SPBU Apes, Brangkas Digondol Maling

Minggu, 01 Maret 2015 - 10:30 WIB
SPBU Apes, Brangkas Digondol Maling
SPBU Apes, Brangkas Digondol Maling
A A A
GUNUNGKIDUL - Petugas SPBU Kranon, Wonosari, Gunungkidul gegeran dina Setu (28/2) esuk wingi. Mergane, duit kasile dodolan BBM sing cacahe Rp57,3 juta ilang digondol maling.

Ceritane, pas dina Jumat (27/2) wengi wayahe SPBU tutup, duit kasile dodolan BBM dina iku disimpen petugas neng njero brangkas sing wujude kotak saka kayu. Kotak isi duit segepok iku banjur dideleh neng njero salah sijine ruangane petugas.

Sewengi iku, ana siji loro petugas jaga wengi sing turu neng ngarep ruangan panggone nyimpen kotak brangkas duit. Nanging, petugas jaga malam nyebutke sewengi iku dheweke ora reti lan ora krungu ana suwara uwong mlebu ruangan.

“Aku mambengi ora krungu suwara uwong mlebu. Reti-reti esuk iki mau duite njero brangkas uwis ilang," sebut salah siji petugas SPBU, Bambang, pas ditemoni wartawan, wingi esuk. Kasus iku banjur diaporke nang Polsek Wonosari. Polisi iseh dalami kedadean iku kanggo ungkap sapa pelakune. Mergane pas kedadean ora ana saksi mata. Petugas jaga malam pada turu dadi ora reti ana maling.

Ristu hanafi
(bhr)
Copyright © 2024 SINDOnews.com
All Rights Reserved
berita/ rendering in 3.6009 seconds (0.1#10.140)